Gurit Kamardikan
Anggitanipun Suryah A. Z.

Wus 66 warsa iki nagri
Nuswantara bumi wutah getih kinasih
Uwal saka regemaning bangsa kang kumaki
Jepang, Portugis, Inggris, lan Walandi
Penjajah kang pancen wengis duk ing nguni
Ngrampas bandha, ngedu bangsa kita sami
Ya….. Mung manungsa cubluk kang durung ngreti
Gelem didu kumawan bangsa pribadi
Adol lamis tembung manis dadya gamanireki

Wus 66 warsa…..
Kamardikaning nagri kita
Republik Indonesia
Saka lelabuhane para kusuma
Kang gugur ngrungkebi Negara
Kanthi pecahing dada, wutahing ludira

Ya gene…..
Wus 66 warsa kang lumaku
Maksih ana manungsa ing sakiwa tengenku
Kang seneng nulad lan niru
Wataking penjajah kayeku
Rumangsa bungah yen kanca pada kanca didu
Tangga lan tangga pada pada kisruh benceng panemu
Mangka kang mangkana iku yekti banget kleru

Elinga…..
Manunggaling bangsa minangka pawitan
Pawitan kanggo nindakake gegayuhan
Gegayuhan kamardikan
Kamardikan kang sanyata


0 comments:

Post a Comment

About this blog

When one door closes, another one opens; but we so often look so long and so regretfully upon the closed door, that we do not see the ones which open for us

Alexander Graham Bell

Pages

Total Pageviews

take a look!

Septian Slideshow: Septian’s trip from Purwokerto, Jawa, Indonesia to Semarang was created by TripAdvisor. See another Semarang slideshow. Take your travel photos and make a slideshow for free.

"Some people are so afraid to die that they never begin to live." -Henry Vandyke (1852-1933)

be the followers

time is precious

Blog List

Assalamu'alaikum

Welcome to my virtual world!

Thanks for visiting my blog

change the language

中文(简体) Português English (US) Français Deutsch Italiano 日本語 한국어 Русский Español

Where did the visitors come from?